Hugo Grotius utawi Hugo de Groot' (1583-1645) ya iku filsufWalanda kang dadi pelopor saka pandhangan-pandhangan modhèren tumrap kukum internasional lan salah siji pemikir gedhé babagan kukum alam.[1] Kejaba dadi filsuf, Grotius uga misuwur minangka pengacara, juru gurit, lan teolog.[2] Ing babagan kukum, Grotius wis dadi penengah antarané téyori pulitik lan kukum mangsa Abad Pertengahan karo mangsa Pencerahan.[2] Kejaba iku, Grotius uga wis ngembangaké siji pandhangan anyar babagan kukum alam kanggo nglawan pandhangan-pandhangan ilèn skeptisisme, uga kanggo nuduhaké bilih ana wangsulan kang rasional babagan moral kajaba wangsulan saka agama.[1]
Salah siji karya Grotius kang kawentar ya iku "Perihal Hukum Perang dan Bedhamèn" (The Law of War and Peace) kang terbit taun 1625.[2] Ing karya mau, Grotius nggaw argumentasi bilih manungsa hakikaté ya iku makluk sosial lan makluk kang padha saingan.[1] Nanging, manungsa bisa urip kanthi tenterem sanadyan bisa wa kadadéan masalah ing awaké.[1] Perkara iku bisa digayuh kanthi cara ngurmati hak-hak saben wong.[1]
Cathetan suku
↑ abcdeJerome B. Schneewind. 1999. "Grotius, Hugo". In Cambridge Dictionary of Philosophy. Robert Audi, ed. 356.
↑ abcTed Honderich, ed. 1995. The Oxford Companion to Philosophy. New York: Oxford University Press. P. 328.