Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Pǔyí (Hanzi tradhisional: 溥儀; Hanzi saanané: 溥仪) (7 Fèbruari1906 - 17 Oktober1967) ya iku kaisar kaping 12 saka dinasti Qing kang uga kaisar terakhir Tiongkok kang nguwasani papréntahan saka taun1908 nganti tekan 1924.[1][2][3] Kakine kang jenege Yihuan ya iku anak nomer 7 saka kaisar Daoguang lan bapaké Zaifeng ya iku adhine Kaisar Guangxu.[3] Sawisé kaisar Guang Xu mati, nalika iku PuYi nembé umur 2 taun, diangkat dadi kaisar karo jeneng kamaharajan Xuan Tong.[3] Ana ing mangsa papréntahane, Dr. Sun Yat Sen nglakokaké révolusi ya iku nalika taun 1911 lan ngrampungi jaman kamaharajan Tiongkok kang wis ana punjul 2000 taun.[2] Sawisé révolusi, PuYi isih diijinake kanggo manggon ana ing daerah kamaharajan (saiki dijenengi Kutha Terlarang lan dadi objek plesiran).[2] PuYi uga tau diangkat dadi pemimpin paling dhuwur ana ing nagara Manchu (Man Zhou Guo), sawijining nagara bonékah gaweane Jepang kang kalebu ana ing wewengkon Tiongkok lan wewatesan karo Russia, Tiongkok, Koréa Lor lan Mongolia.[3] Sawisé Jepang kalah ana ing perang donya kedua, Uni Soviet nguasani wewengkon Manchu lan nangkep PuYi ana ing papan anggegana penerbangan nalika PuYi arep lunga menyang Jepang. PuYi ditahan sasuwéné 5 taun lan dikirim menenh menyang Tiongkok nalika taun 1950.[3] Baline PuYi ana ing Tiongkok, PuYi ngakoni kesalahane lan ngomong panampane marang pambaharuan, pendidikan lan révolusi kang ndadèkaké nalika taun 1958 PuYi dibebasake déning pamrantahan Tiongkok lan nalika iku PuYi kang sadurungé kaisar dadi rakyat biyasa.[1] Dhèwèké mati amarga lara nalika umuré 61 taun.[3]