Mauriac miyos wonten ing Bordeaux, Prancis. Piyambakipun nimba kawruh babagan sastra wonten ing Universitas Bordeaux, wisuda nalika taun 1905,
sesampunipun punika piyambakipun pindah maring Paris kanggé nyiapakaken studi pascasarjana wonten ing École des Chartes.
Piyambakipun boten sarujuk kaliyan panjajahan ing Vietnam, piyambakipun uga ngutuk keras kekerasan ingkang dipunlaksanakaken déning bala Perancis wonten ing al-Jazair. Charles Mauriac punika naté nyetak buku ingkang njentrehaken memoar pribadi kaliyan biografi Charles André Joseph Marie de Gaulle.
Nalika taun 1952, piyambakipun naté angsal bebungah Panghargaan Nobel Sastra sarta dipunanugerahi Salib Agung Legion d'honneur
nalika taun 1958. Karya ingkang jangkep saking Mauriac diputerbitaken 12 jilid watara taun 1950 sarta 1956.
Piyambakipun uga maringi semangat dhumateng Elie Wiesel nyerat babagan pangalamanipun dados Yahudi nalika kekuasaan Jerman Nazi.
Mauriac gadhah pamanggih ingkang sanès kaliyan Roger Peyrefitte, ingkang ngkritik Vatikan salebetipun buku (kaya ta)
Les Clés de saint Pierre (1953). Mauriac naté ngancam bakal mundur saking karya ingkang taksih dipungarap nalika wekdal punika
(L'Express) manawi boten wonten idin kanggé iklan buku Peyrefitte. Tambah kisruh amarga kadadosan punika dopundamel adhaptasi filem
saking Peyrefitte, Les Amitiés Particulières kisruh punika kadadosan wonten ing surat terbuka pamanggihan ingkang sengit saking Peyrefitte, wonten mriku dipunjlèntrèhaken kauripanipun Mauriac ingkang pribadi Peyrefitte uga sempet nyebat Mauriac kanthi istilah Tartuffe.