Embung Patarana inggih punika kolam bendungan lepen sarupi tlaga awujud lonjong ingkang papanipun wonten ing pinggir lèpèn ingkang dipunubengi kaliyan wit-witan ingkang edhum.[1][4] Embung Patarana nggadahi wiyar 4.800 mèter pesagi dan manggèn wonten papan wanadésa sa-wiyar 30.000 mèter pesagi.[5][6] Embung puniki nggadhahi jarak 2 kilomèter saking Kota Gedhé.[6] Wonten ing sisih kilèn Embung Patarana angsal dipuntingali panorama senja ingkang éndah sanget ingkang saget dipun tingali kaliyan lenggah wonten ing pinggiran embung. Wonten ing salah setunggalipun sisi embung ugi wonten setunggaling istana balon ingkang ngadeg jejeg.[7] Kajawi dipundadosaken embung, embung désa menika ugi dipundadosaken papan wisata alternatif ingkang narik kawigatosan wonten ing Kabupaten Bantul.
Fasilitas
Kados obyek wisata sanesipun, Embung Patarana nggadhahi fasilitas pendukung antawis sanes cakruk, prau kano lan kapal rakitan ingkang saged dipun tumpaki kaliyan berkelompok, rute kangge jogging (mlayu alon-alon) lan jalur pit ngubengi embung, wahana dolanan bocah alit ingkang dipunséwakaken déning wargi sak enggen, kolam ulam, area kanggé mancing, lan pinten-pinten macem dhaharan ingkang dipunsadé kaliyan regi mirah.[1][2][3][4][7] Embung Désa Patarana nyuguhaken sesawangan kang éndah kanthi hawanipun kang adhem. Ing sakiwa-tengenipun embung menika wonten enem cakruk ingkang saged dipundadosaken papan pangayoman. Pengunjung utawi wisatawan saged numpak prau motor prasaja kanthi regi 5000 Rupiah mawon. Wontenipun embung ing Désa Patarana uga ningkatake sektor ekonomi warga ing sakiwa tengene embung kanthi mbukak wandé-wandé lit ingkang nyedhiyani jajanan kanthi regi mirah. Boten wonten biaya mlebet ingkang dipunpathok kanggé mlebet dhateng lebet ing embung, ananging namung dipun kéngingi biaya parkir seikhlasipun.[1][8]
Embung Patarana ugi nggadhahi papan inkang wiyar lan saged dipun dadosaken papan kagiyatan ageng kados festival seni.[9]
Sujarah
Wonten ing warsa 2017 Pemerintah DIY mbangung embung Patarana.[10] Salah satunggaling fungsi pandamelan embung inggih punika kanggé nampung toya jawah wonten ing pinten-pinten laladan supados saged dipunmanfaataken ing wanci mangsa ketiga, utaminipun kanggé ngilèni pertanian wonten ing lahan-lahan kritis utawi kirang subur.[11]
Wonten ing warsa 2019 dipunwontenaken pembenahan embung kanggé njangkepi fasilitas ingkang wonten. Babagan puniki supados embung angsal dipunanggé kaliyan maksimal déning wisatawan nggih dados tempah penampung toya utawi objek wisata. Péhak ingkang tumut andil lebeting pembenahan puniki antawis sanes Kelompok Sadar Wisata (pokdarwis), Kundha Pariwisata (Dispar) Bantul, lan Badan Lingkungan Hidup (BLH) DIY.[12]
Tradhisi Mapag Toya
Salah setunggal kagiyatan ingkang dados tradisi ingkang dipunlampahaken wonten ing Embung Patarana inggih punika tradhisi mapag toya. Mapag Toya piyambak asalipun saking kalih tembung inggih punika tembung mapag ingkang nggadhahi artos methuk lan tembung toya ingkang nggadhahi artos toya (banyu). Miterat istilah, mapag toya inggih punika kegiatan tradisi methuk toya kaliyan mlebetaken toya dhateng lebet lantingan. Agènda puniki inggih punika tradisi kanggé njagi toya dados simbul gesang manungsa. Gesang puniki dipun gambaraken dipunwiwiti saking kebersihan utaminipun lèpèn dados simbul toya. Kagiyatan puniki ugi dados wujud syukur dhateng toya ingkang kathah dados sumber pengairan sabin kanggé para kadang tani.[13]
Mapag toya dipunwiwiti kaliyan nyukakaken sesajitumpeng lan jajanan peken ing bendung tegal ingkang dados saluran irigasi primèr petani. Bendung puniku lajeng dipunbikak lan wargi ramè-ramè methuk toya ing saluran irigasi sekunder. Babagan paling menarik saking tradisi mapag toya puniki inggih punika dipunlampahaken prosèsi penumpahan toya ingkang dipunpendhet saking pitung masjid ing sriharjo dhateng lebet saluran irigasi.[14][15]
Wonten ing warsa 2018 dipunwontenaken kegiatan mapag toya kanthi ageng-agengan. Bab puniki dipunamargikaken kegiatan puniki sesarengan kaliyan kegiatan pengetan Hari Air Dunia (dinten toya donya) ingkang ngiras perayaan ambal warsa kaping 5 Gerakan Irigasi Bersih (GIB) Merti Tirto Amartani. Kegiatan puniki dipunwontenaken dening Balai Besar Wilayah Sungai Serayu Opak kaliyan Universitas Gadjah Mada (UGM). Acara kasebat dipunlampahaken ing dinten Ahad tanggal 25 Maret 2018 lan dipundugini pinten-pinten perwakilan saking instansi pamarintah lan UGM.[16]