Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Dhémokrasi iku wangun utawa mékanisme sistem papréntahan sawijining nagara minangka upaya minangka kadhaulatan rakyat (kakuwasan warganagara) sadhuwuring nagara kanggo ditindakaké déning pamaréntah nagara mau.
Salah siji pilar dhémokrasi ya iku prinsip trias politica kang mérang katelu kakuwasan pulitik nagara (èksekutif, yudhikatif lan lègislatif) kangggo diwujudaké sajeroning telung jinis lembaga nagara kang indepènden lan sajajar siji lan sijiné. Kasejajaran lan indepèndensi katelu jinis lembaga nagara iki diperlokaké supaya katelu lembaga nagara iki bisa silih ngawasi lan silih ngontrol dhedhasar prinsip checks and balances.