Campania iku regione (wewengkon) ing Italia kidul, wewatesan karo Lazio ing kulon-lor, Molise ing sisih lor, Puglia ing wétan-lor, Basilicata ing sisih wétan, lan Sagara Tyrrhenia ing sisih kulon. Wewengkon iki jembaré 13.595 km² lan nduwé populasi 5,7 yuta. Kutha krajané yaiku Napoli.
Jenengé dijupuk saka tembung basa Latin, amarga karan déning bangsa Romawi Campania felix (désa begja), uga siji jeneng provinsi Prancis, Champagne.
Atraksi pariwisata ing Campania kalebu anané Gua Siby ing Cumae, sawijiné kuil Yunani ing Paestum, reruntuhan Romawi ing Pompeii lan Herculaneum, gunung geni Vesuvius lan Solfatara, Pesisir Amalfi (Costiera Amalfitana) saka Sorrento nganti Salerno, lan kapuloan Capri lan Ischia.
Pranala njaba
|
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Campania. |
|
---|
Regione biasa | | |
---|
Regione kanthi status otonomi spesial | |
---|